Sabtu, 12 Juni 2010

ROH SUCI NGGLADHI PARA UMAT

ROH SUCI NGGLADHI PARA UMAT
(Wulang Bebasan 8:22-31, Rum 5:1-5, Yokanan 16:12-15)

Guru sekolah minggu wonten ing tengah-tengahe pangibadah paring pitakenan kados mekaten “bocah-bocah piye carane supaya kitha bisa mlebu kratone Allah utawa swarga?. Warni-warni wangsulane para lare, antawisipun kados mekaten “rajin ndendonga bu, mboten pareng nangisan, bu, wonten malih ingkang paring wangsulan, asring paring permen dumateng kanca bu, nanging wonten malih wangsulan ingkang ingkan nggumunaken guru utawi pamong kalawau inggih punika “supados saged mlebet swarga bu, nggih kedah pejah rumiyin.
Wangsulan ingkang pungkasan kalawau, saestunipun leres, kanthi pangertosan ingkang kados mekaten. Miturut iman kekristenan, gesange tiyang Kristen menika lumampah wonten ing kalih wekdal lan panggenan, gesang wonten ing alam ndonya ngriki ingkang namun sawetawis wekdal kemawon lan gesang ingkang wonten ing swarga ingkang kasebat gesang langgeng wonten ing kratone Allah. Kitha Putranipun Allah punika badhe lumebet dateng gesang ingkang langgeng menawi Gusti Allah sampun nimbali, ateges gesang ing ndonya sampun karampungaken kanthi pratanda “pejah” utawi “kematian”.
Kitha ingkang tansah nggegilut sabda pangandikanipun Allah lan mboten kendat ngetrapaken wonten ing gesang saben nditenipun, tamtu mboten nggandahi manah ingkah kuwatos bab kematian awit kanthi pejah kalawau pratanda kitha badhe lumebet kraton swarga. Enget bilih Gusti Yesus sampun paring pranjanji, bilih panjenengane sampun nyiapaken panggenan kangge gesang langgeng tumrap tiyang pitados. Nanging kitha ugi sami lan kedah enget bilih sanes tiyang ingkang tansah nyuwantenaken Gusti-Gusti ingkang badhe lumebet dumateng kraton swarga, ananging tiyang ingkang tansah ngetrapaken pangandikanipun Allah wonten gesang ing saben nditenipun. Punapa kalebet kitha?
Ingkang dados kawigatosan kitha salajengipun inggih punika, supados kitha tansah gesang miturut pangreh lan pranatanipun Allah ing ndonya satemah mangke saged lemebet kraton swarga, punapa ingkang dados paugeran kitha, sinten ingkang dados gondelan kitha sapunika? Waosan kitha dinten punika (yokanan 16:12-15)ngengetaken bilih Gusti sampun prajanji, Gusti ngakeni bilih tansih kathak prekawis rikala semanten ingkang kedah kaparingaken dumateng para sakabat, nanging awrat tumrape para sakabat saged nggayuh pangertosan bab piwucal kalawau, saengga Gusti badhe paring Roh Panglipur, Rohing kayekten ingkang paring pangertosan supados langkung gamblang dumateng sinten kemawon ingkang wanuh lan pitados dumateng Gusti Allah, Inggih Gusti kitha Yesus Kristus. Roh suci punika ingkang badhe nuntun lampahe gesang wonten margi ingkang leres
Lajeng sinten tho sejatosipun Roh panglipur punika? Wulang bebasan 8:(22-31) kanthi cetha paring pangertosan bilih Roh panglipur punika Sang kawicaksanan kang nunggal kaliyan kapinteran ingkang tansah memucal kawruh lan kapinteran ingkang sampun wonten saderenge sedaya ing alam ndonya punika katitahaken, malah Sang kawicaksanan, Roh kayektenipun Allah punika nderek makarya saweg Gusti Allah nitahaken sedayanipun, katitik wonten ing ayat 30 nedhakaken bilih Sang Kawicaksanan, Rohing kayektening Allah punika kasebat “dadi putro kekasihe kang nyarengi Panjenengane”. Lan Rohing kayekten punika kalangenanipun dumateng manungsa ageng sanget wiwit wiwitan mula.
Wonten tigang perkawis ingkang dipun ayahi dening Sang Roh Suci:1. Panjenenganipun badhe nuntun lumebet dateng kawicaksanan lan kayektene Allah, 2. Panjenengane mboten badhe ngedika miturut karsane piyambak ajawi namun saking Gusti Yesus kemawon, 3. Panjenengane ugi badhe paring pawartos bab punapa ingkang badhe kadadosan ing tembe mangke.Sadaya kalawau katindaken supados Asmanipun Gusti Allah, inggih Gusti kitha Yesus Kristus kaluhuraken.
Langkung gamblang malih ing ngriku sejatosipun wonten pangertosan bilih Sang Roh Suci badhe ndadosaken tiyang ingkang dereng wanuh dumateng Gusti badhe sadar lan insaf lajeng pitados lan ndadosaken tiyang ingkang sampun pitados, sawetah gesangipun tansah lumebet dumateng margi ingkang leres kemawon. Ingkang medal saking sang Roh suci punika namung saking Yesus Kristus piyambak, punika ateges bilih sedaya piwucal ingkang kaserat wonten surat-surat rasul Paulus lan Wahyu punika kailhami dening Roh Suci, punika sejatosipun saking Gusti Yesus piyambak. Perkawis ing tembe mangke kang dipun wartosaken dening Sang Roh Suci nedhakaken supados kitha sami samsaya siap nampi rawuhe gusti Yesus ingkang kaping kalih.
Yesus, putrane Allah makarya namung kangge kaluhuran Gusti Allah sang Rama, Roh Suci, Sang kawicaksanan, Rohing kayektening Allah makarya kangge kamulyaning Sang Putro, lan sang Roh suci paring piwucal supados manungsa tansah raket kaliyan Yesus lan ngakeni inggih naming Gusti Yesus piyambak Gusti Kang Murbeng Dumadi, Gusti Kang Gesang, Gusti Kang sampun mbirat dosaning manungsa. Allah sang Rama ingkang kangungan karsa, Allah sang Putra nyampurnaken karsanipun Allah Sang Rama lan Sang Roh Suci nglajengaken karsanipun lumantar tiyang ingkang sampun pitados, inggih kula lan panjenengan sedaya.
Sampun cetha, sinten ingkang badhe dados gondelan kitha, ingkang tansah nuntun lampah kitha ngener wonten margi ingkang kebak kawicaksanan lan kayektene Allah. Kadosdene napa ingkang sampun kaserat wonten ing Rum 5:(1-5), nedahaken bilih gesang ingkang sampun katuntun kaliyan Sang Roh suci awujud iman kapitadosan punika tansah njagi sesambungan supados tansah raket kaliyan Gusti Allah piyambak. Miturut Paulus, sesambungan malih kaliyan Allah mboten namung dipun mangertosi bilih sedaya kalepetan kita kabucal lan mboten kanggep malih kaliyan Allah, ananging sesambungan kaliyan Allah kapulihaken sacara wutuh, rumiyin manungsa inggih kitha sami kaanggep mensah nanging sapunika manungsa kanthi katuntun dening Sang Roh Suci dados sakabate Allah ingkang nggadahi:
1. Kapitadosan,
2. Derek lumebet gesange Kristus ingkang sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah,
3. Ngakeni bilih taksih kathak perkawis ingkang kedah dipun rampungaken kanthi resiko ingkang ugi kedah kitha adepi.
Tiyang ingkang sampun nampi kaslametan saking Allah, punika tansah tatag ngadepi sedaya perkawis, sanadyan perkawis ingkang awrat. Ingkang pungkasan sumangga kita ngraosaken tumrape tiyang ingkang tansah ngugemi pangandikanipun Allah punika:
1. Sedaya manungsa wonten ing salawase gesang mboten saged selak tumrape sedaya perkawis ing saben dintenipun. Menawi perkawise gesang kalawau kapasrahaken dumateng Gusti, sedayane badhe kapungkasi kanthi kebak kabingahan.
2. Allah mangertosi bilih kekiyatane manungsa punika winates, saengga Gusti ugi paring pangreh lumantar sih rahmatipun supados manungsa tansah ngadahi katresnan ingkang saking Allah supados ugi kaetrapaken wonten ing gesangipun, ingkang mboten namung migunani tumrap pribadi piyambak nanging ugi kangge sesaminipun.
3. Pitadosan dumatenag Allah sanes perkawis ingkang mirah lan gampil. Manungsa kedah ugi ngurbanaken sedaya pepinginanipun. Iman dumateng Kristus, manungsa tansah tekun, tatag ngadepi sedaya pacoban, lan tuwuh wonten ing pangajeng-ajeng.
4. Pitados dumateng Kristus ateges manungsa kedah tansah sinau mirengaken punapa ingkang Gusti Allah kersakaken lumantar pambisike Sang Roh Kayekten, inggih Sang Roh Suci ingkang tansah dedalem ing batos kitha manungsa.
Amin