Minggu, 28 Maret 2010

RINGKASAN KHOTBAH BAHASA JAWA – 21 MARET 2010 DI GKJW WARU JAM 08.00

WAOSAN :
1. Yesaya 43 : 16 – 21
2. Filipi 3 : 8-14
3. Yokanan 8 : 2 - 11

• Waosan ingkang sepindah ngengetaken kadospundi katresnane Gusti tumrap bangsa Israel saweg wonten ing tawanan Babil.
• Bangsa Israel nampeni pawartos rahayu, awit sesampunipun mratobat, bangsa Israel mboten namun kapulihaken sacara fisik kemawon, nanging ugi kaanyaraken malih gesang karohanenanipun, sesambungan kaliyan Allah kabikak malih.
• Allah mboten kepingin bangsa Israel tansah kemutan sedaya perkawis ingkang sampun kalampahan saweg wonten ing tlatah pambucalan, nanging supadosa mandeng perkawis-perkawis enggal ingkang badhe kalampahan.
• Samubarang ingkang enggal badhe kacawisaken Allah, wujude katresnane Allah ngewahi bangsa Israel tumuju babagan Enggal wonten ing kahanan punapa kemawon.
• Inggih kados mekaten ingkang kedah kitho lampahi, sampun ngantos kitha tansah enget-enget sedaya prekawis saderengengipun, nanging tumrape putrane Allah, kitha nggadahi keyakinan bilih Allah sampun nyawisaken samubarang ingkang enggal, sedaya perkawis ingkang condong kaliyan kersane Allah kemawon ingkang badhe kalampahan.
• Kadosdene napa ingkang sampun dipun alami kaliyan Saul ingkang salajengipun nggadahi asma Paulus.
• Tiyang ingkang tangsah sengit dumateng pandereke Gusti Allah.
• Nanging justru langkung tiyang punika Allah nedahaken lajeng migunakaken tiyang punika lemebet dateng pakaryane Allah.
• Raos sengit dumateng pandereke Allah ingkang kaanggep “perkawis ingkang leres” miturut saul kala semanten katedahaken bilih punika lepat.
• Allah ngengetaken dumateng Saul lan ngewahi tiyang ingkang swaunipun senget dados remen dumateng panderek lan pakaryane Allah.
• Kitha kaengetaken malih kadospundi, saul saweg mutusakenaken dados pandereke Gusti ingkang kedah mbucal sedaya perkawis ingkang mbingahaken sacara duniawi.
• Saul pitados sanadyan kedah kicalan sedaya ingkang ngremenaken, nanging badhe angsal gesang langgeng ingkang mboten badhe cuthel ing alam ndonya kemawon, nanging kalajengaken kabingahan punika wonten ing swarga.
• Sanes perkawis ingkang gampil tumrape Paulus rikala semanten.
• Babak enggal wonten ing gesange Rasul Paulus punapa saget dipun percados kaliyan tiyang kathak rikala semanten?
• Semanten ugi tamtu kathak tiyang ingkang gumuyu lan nyukuraken, gesang ingkang swaunipun kebak panguwasa, kawibawaan sarta sarwa komando samubarang kacawisaken, nanging sapunika kedah lemebet dados tiyang ingkang tangsah paring peladosan kathi patrap ingkang sae, andap asor, menika wujude tantangan.
• Nanging wujude anugrah ingkang arupi pangapunten lan kamardikan punika sampun dumawah wonten ing pribadi Saul, saengga tamtu mboten badhe lumampah piyambakan.
• Allah sampun ndodosaken sedayanipun punika enggal, sampun enget perkawis-perkawis lami, Paulus mandeng perkawis-perkawis enggal.
• Semanten ugi prastawa ingkang wonten ing griya pamujan saweg Gusti Yesus memucal tiyang kathah, Para ulama, tiyang Farisi punika mbektho tiyang estri ingkang kacepeng lampah bandrek.
• Miturut torat tiyang kados mekaten punika kedah dipun benturaken ing sela.
• Ing griki sejatosipun, tiyang kathak sampun mangertosi bilih tiyang estri punika kedah dipun ukum, nanging wonten pitakenan, tiyang jaleripun pundi?, kenging punapa dipun bektho dumateng Yesus kok mboten dipun bektho kemawon dumateng panguwasa rikala semanten, prajurit, jeksa lan sapitunggale.
• Tujuan utami para ulama, tiyang Farisi kalawau namung kepingin nyoba kadospundi tanggapanane Yesus.
• Respon Yesus punika, linuwihi alur pamikirane tiyang kathak kala semanten
• Kathi paring pitedah: ayat 7 : ingkang saged paring paukuman dumateng tiyang estri punika namun ingkang mboten rumaos nggadahi dosa kemawon.
• Karana sedaya ngakeni nggadahi dosa, saengga mboten wonten ingkang mbnturi sela dumateng tiyang estri kalawau.
• Sumangga kitho raosaken langkung lebet malih, zaman nabi Musa, Gusti Allah mbungkuk wonten ing radi sinai ingkang nyerat kaping kalih (dua loh batu) kitan torat, inggih kados mekaten Gusti Yesus nyerat ambal kaping kalih
• Yesus tumungkul yerat ing siti sakderenge paring respon tumrap pitakene para ulama, wujude bilih tiyang ingkang nglanggar punika kedah dipun pidata kados piwucale taurat, nanging Yesus paring mepaki bilih ingkang saged paring puukuman namun tiyang ingkang rumaos suci langkung rumiyin
• Lajeng Gusti Yesus nyerat wonten ing siti ingkang kaping kalih lan nuwuhaken pangandika dumateng tiyang estri kalawau kados kaserat wonten ing ayat 10-11
• Gesang dipun paringaken dening Gusti Allah dumateng tiyang estri malih “wiwit saiki aja gawe dosa maneh”, ateges aja dieling-eling parastawa iku mandeng ing ngarep lumampah ing margi ingkang leres.
• Sampun cetha, bilih saking prastawa punika nedhahaken bilih rawuhe Gusti Yesus mboten badhe mbucal Torat nanging njangkepi
• Kadospundi tumrap kitha, punapa kitha kedah nglokro tumrap sadaya ingkang sampun dumawah/kalampahan ing gesang kitha ingkang mboten ngremenaken tamtunipun?
• Gusti Allah nedhahaken supados kitho mboten ngenget-ngenget prekawis lami ingkang sampun kalampahan, nanging Gusti kepingin bilih kitho putrane Allah, ingkang tansah dipun tresnani Gusti mugi tansah ningali perkawis gesang enggal ingkang dipun paringaken dening Gusti wonten ing gesang kitha sami.
• Gusti Allah mboten namun ngengetaken tiyang ingkang dereng wanuh dumateng Gusti kemawon kadosdene tumrap saul, nanging Gusti ugi ngengetaken tiyang-tiyang ingkang sampun apal torat lan rajin anggenipun mujudaken pangibadah kadosdene para ulama tiyang Farisi kala semanten.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar