Jumat, 19 November 2010

IBADAH MINGGU 31 OKTOBER 2010 GKJW WARU

IBADAH MINGGU 31 OKTOBER 2010
GKJW JEMAAT WARU
SABDA PAMBUKANING IBADAH
Mazmur 6 : 5
Gesang Pandhereke Gusti

PANGAKENING DOSA
JABUR 51: 3-5
PAWARTOS RAHAYU
WULANG BEBASAN 7 : 1-3
WAOSAN KITAB SUCI
2 TESALONIKA 1: 1 – 2:2
LUKAS 19 : 1-10

WAOSAN I:
Kacariosaken bilih pasamuwan ing Tesalonika punika saweg bingung lan kuwatos tumrap pawartos bab kratone Allah ingkang badhe rawuh, awit ing griku Gusti Yesus dalah para malaikat badhe paring kaadilan lan piwales dumateng tiyang ingkang sengit kaliyan pandhereke Gusti, pasamuwan ngrumaosi bilih gesangipun taksih asring nerak karsaning Gusti.
Paulus :
Ngengetaken bilih Gusti leres badhe paring piwales nanging tumrap tiyang ingkang wanuh kaliyan Gusti lan tiyang ingkang nerak Injil lan sengit dumateng pandhereke Gusti, nanging tiyang pitados badhe angsal kamardikan lan gesang kebak kamulyaning Gusti.

PAULUS
Nyuwun supados pandhereke Gusti tansah saos syukur, tuwuh kekiyatan iman kapitadosanipun,
sumeleh tumrap sadaya panindhes lan sregep dendonga.

WAOSANII:
Lukas nyerat bab Zakheus, Juru mupu beya ingkang nggadhahi krenteg badhe nderek Gusti Yesus, lan saguh nampi sedaya samukawis lantaran dados pandhereke Gusti.

3 Patrap Kapendet Zakheus:
Mulihaken sesambetan.
Ngenggalaken diri pribadi.
Mujudaken tanggel jawab.

Mulihaken Sesambetan.
Zakheus tiyang Yerikho punika kaanggep tiyang ingkang awon, antheke penjajah.
Mbudidaya supados saged ningali Gusti Yesus kanthi minggah wit anjir.
Kabingahan dumawah saweg Gusti Yesus ningali lan nimbali ateges bilih sesambetan kapulihaken.

Ngenggalaken Diri Pribadi.
Griyaning Zakheus piniji dados panggenan ngaso Gusti sanes griyaning para imam.
Karahayon ageng tumrap Zakheus sabrayat.
Karahayon mujudaken pamratobat tumrap diri pribadi Zakheus.

Mujudaken Tanggel Jawab
Kaslametan ingkang katampi dening Zakheus mujudaken kabingahan ageng.
Wujude kabingahan kalairaken kanthi maringaken sepalih barang darbekipun.
Tanggel jawab ndherek Gusti kedah kaetrapaken.

Pitakenan Dumateng Kitha:
Punapa purun nyambung sesambeten ingkang saweg pedhot?
Punapa ugi ngakeni bilih asring dumawah wonten ing dosa lan saguh nampeni kabingahan kanthi pamratobat?
Punapa saguh bilih wujude kabingahan kitha ugi saged karaosaken dening sesami?

Kadospundi Tumrap Kitha?
Sinau kadosdene Zakheus mbudidaya pinanggih kaliyan Gusti Yesus sanadyan kathak pepalang.
Nelangsani gesang tumuju pamratobat.
Ngetrapaken tanggel jawab dados rencang damel Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar